A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c lan d !
Wacanen kang premati !
Bima Suci
Pandhawa lan Kurawa padha-padha muride pandhita Durna. Kurawa nedya numpes Pandhawa. Kurawa ngerti kekuwatane Pandhawa ana ing Bima. Mula yen Bima Sirna Pandhawa gampang ditumpes. Kurawa banjur marang Pandhita Durna supaya nglorobake Bima murih tumekaning pati.

Sawijining dina Bima ditimbali Pandhita Durna. Bima dialem yen ilmu perange wis mumpuni. Ora ana Kurawa kang bisa nandhingi. Nanging snajan mangkono durung cukup. Supaya Bima dadi satriya kang sampurna ngelmune, kudu wani golek banyu panguripan arane Tirta Amarta dununge ing dhasare segara kidul.

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur ?
  • a. Pandhawa lan Kurawa
  • b. Pandhawa
  • c. Pandhita Durna
  • d. Bima Suci
2. Kenang apa Kurawa kepingin nyirnaake Bima ?
  • a. Sebab Bima manut marang Pandhita Durna
  • b. Sebab Pandhawa gampang ditumpes
  • c. Sebab ilmu perange Bima wis mumpuni
  • d. Sebab Bima arep golek banyu panguripan
3. Kepripun ngendikane Pandhita Durna supados ngelmune Bima sampurna ?
  • a. Kudu wani golek banyu panguripan ana ing dhasare segara kidul
  • b. Bima dialem yen ilmu perange wis mumpuni
  • c. Ora ana Kurawa sing bisa nandingi
  • d. Bima dadi satriya kang sampurna ngelmune
4. Pandhawa lan Kurawa.
    Ukara pitakon kanggo jawaban ing dhuwur mau yaiku....
  • a. Negara ngendi kang bakal ditumpes ?
  • b. Pandhita durna gurune sapa ?
  • c. Bima kuwi dadi kekuwatane negara ngendi ?
  • d. Sapa sing ditimbali Pandhita Durna ?
5. Simpulan wacan ing dhuwur mau yaiku....
  • a. Pandhawa lan Kurawa muride Pandhita Durna
  • b. Kurawa nedya numpes Pandhawa
  • c. Ngelmu perange Bima wis mumpuni
  • d. Bima golek banyu panguripan ing Segara Kidul
Wacan kanggo pithkon nomer 6 - 8 !
Rawa Pening
Kacarita ing desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa ing saben taun. Yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet.
.............
Nalika semana ana bocah lanang. Bocah bajang mau sejatine, maihane ula. Yaiku ula Baru Klinting. Weruh yen daginge ula wis mateng, bocah bajang marani omahe Ki Juru Mathokan. Ringkesing carita bocah bajang mau badhe nyuwun daging sawer. Bocah bajang ora diparingi. Bocah bajang didukani Ki Juru Mathokan lan didhawuhi lunga. Si bajang tekan omahe Mbok Randha. Mbok Randha uripe ngrekasa. Sanajan uripe ngrekasa Mbok Randah luhur bidhine. Dheweke seneng tetulung marang sapa wae.
............
6. Manut crita ing dhuwur mau, watake Ki Juru Mathokan yaiku...
  • a. jujur lan luhur budhine
  • b. seneng loman atine
  • c. sugih pangapura
  • d. srakah lan tegel
7. Papan panggonan crita ing dhuwur mau yaiku....
  • a. lapangan
  • b. desa Banarawa
  • c. sawah
  • d. Rawa Pening
8. Amanat crita ing dhuwur mau yaiku....
  • a. aja seneng ngganggu marang wong liya
  • b. seneng tetulung wong liya
  • c. aja wedi ngrekasa nyambut gawe
  • d. aja gelem weweh marang wong liya
Pacelathon kanggo nomer 9 - 11 !
Bapak   : "Tuti kepriye, Tanti ?"
Tanti    : "Taksih mondhok wonten griya sakit."
Ibu       : " Sing tilik mau sapa wae Tan?"
Tanti    : "Kelas enem sedaya, Bu."
Bapak  : "Gurumu barang, Tan?'
Tanti   : "Inggih, Pak Guru ugi tuwi sekaliyan, malah kaliyan putra-putranipun."
Ibu      : "Genahe Tuti lara apa?"
Tanti   : "Sajakipun badhe sakit tipes Bu."
9. Tema kang kaemot ing pacelathon ndhuwur yaiku....
  • a. kabudhayan
  • b. kasarasan
  • c. kaparcayan
  • d. pendhidhikan
10.Isi pacelathon ing ndhuwur yaiku....
  • a. Ibu gerah
  • b. Bapak gerah
  • c. Tuti sakit
  • d. Tanti sakit
11.Pacelathon ing dhuwur mau ngemu amanat....
  • a. wong urip tansah tulung tinulung
  • b. wong sing ken musibah kudu dilepur
  • c. karo kanca kudu guyub rukun
  • d. guyub rukun agawe sentosa
Geguritan kanggo nomer 12 - 14 !
Para kawula mudha den gegulung
Kabehing samubarang lair lan bathin
12.Tembung kawula pada tegese karo tembung....
  • a. tangga
  • b. sedulur lanang
  • c. sedulur
  • d. sedulur wadon
13. Geguritan ing dhuwur isine bab pitutur...
  • a. ngudi kawruh
  • b. manthenging raga
  • c. ngudi pahargyan
  • d. santosing raga
14. Amanat geguritan ing dhuwur mau yaiu....
  • a. wong urip tansah ngudi kawruh
  • b. pasrah lan nrima apa anane
  • c. kendel anggone sesrawungan
  • d. kemudu-mudu oleh kepenginan
15. Mekaten wusana kang putra nyuwun agunging pangapunten, matur nuwuwn.
      Pethikan pidhato ing ndhuwur kalebu peranganing pidhato yaiku....
  • a. pambuka
  • b panutup
  • c. titi mangsa
  • d. kasimpulan
16. Pramila kanthi acara punika, kula nggadhahi pamanggih bilih pasedherekan, makarya,
      sesarengan, gotong rotong antawisipun warga kaliyan sekolah kedhah tansah kaudi.
Tema pidhato ing ndhuwur yaiku...
  • a. makarya
  • b. pasedherekan
  • c. gotong-royong
  • d. nunggal karep
Wacan kanggo nomer 17 - 19 !
Jangkrik Sungu
Sore kuwi Jangkrik Sungu sakanca padha rame ana sapinggire alas. Ramenen kuwi mau rame padudon. Jangkrik Sungu padha nemu gabah sakandi sing gumlethak ana sawah. Jangkrik Sungu sakanca padha gotong-royong nggawa gabah mau. "Kowe sisih kenen, Dhik!". "Iya kang! Aku kene wae,ya mas!".

Jangkrik Sungu kuwi padha golek pagaweyan. Siji lan sijine padha olehe rumangsa yen gelem mangan padha enake, yen mesthi gelem tumandang nyambut gawe bebarengan.
17. Sifate Jangkrik Sungu yaiku....
  • a. drengki
  • b. ala atine
  • c. srakah
  • d. pangerten
18. Tumandhang nyambut gawe bebarengan tegese....
  • A. tumandang nyambut gawe
  • b. nymbut gawe
  • c. nglakoni pagaweyan dhewekan
  • d. nglakoni pagaweyan bareng-bareng
19. Pethikan crita "Jangkrik Sungu" ngemu amanat....
  • a. gotong-royong
  • b. abot entheng disangga bareng
  • c. nganggo karepe dhewek-dhewek
  • d. nek ana panganan kanggo dhewekan
  • a. Sartono lunga
  • b. Satriya wana
  • c. Sardula wana
  • d. Sardula lunga
  • a. manuke mabur
  • b. manukke mabur
  • c. manuk mabur
  • d. manuk mabura
  • a. mangsa labuh
  • b. mangsane labuh
  • c. mangsan labuh
  • d. mangsane labuhan
Tembang kanggo soal nomer 23 lan 24 !
Gambuh
Si kidang ambegipun
Ngendelaken kebat lompatipun
Pun si gajah ngendelaken geng inggil
Ula ngendelaken iku
Mandine kalamun nyakot
23. Kebat lompatipun, ngemu teges....
  • a. ora bisa lompat
  • b. ora bisa mlompat banter
  • c. banter lompate
  • d. ora rikat lompate
24. Tembang gambuh ung dhuwur ngemu pitutur kang wigati yaiku.....
  • a. aja seneng sombing
  • b. aja seneng ngalah
  • c. aja dumeh gajah gedhe
  • d. ula yen nyakot mandi
25. Urutan gambar tokoh wayang ing ing sisih tengen saka sing paling tuwa kang bener 
       yaiku....
  • a. (1) - (2) - (3) - (4)
  • b. (1) - (3) - (4) - (2)
  • c. (3) - (1) - (2) - (4)
  • d. (3) - (1) - (4) - (2)
26. Gambar wayang ing sisih tengen iku satriya ing...

  • a. Sawojajar
  • b. Jodhipati
  • c. Pringgondani
  • d. Madukara
27. Gambar wayang ing ngisor iki kang mathuk karo jenenge yaiku....
  • a. Janaka
  • b. Nakul
  • c. Werkudara
  • d. Puntadewa
28. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki !
      1) Ana kailakan mobil sedan karo trek ngangkut barang
      2) Sing numpak sedan mati kabeh lan mobile uga ringsek
      3) Dina Minggu 6 Juni 20113
      4) Loro-lorone padha ngebute
      5) Mula yen numpak kendharaan kudu eling lan waspada
Ukara acak ing dhuwur supaya dadi paragraf kang runtut yaiku....
  • a. 3) - 4) - 1) - 2) - 5)
  • b. 3) - 1) - 4) - 2) - 5)
  • c. 2) - 3) - 1) - 5) - 4)
  • d. 5) - 2) - 3) - 4) - 1)
29. Ukara kang mathuk karo gambar ing sisih tengen yaiku....
  • a. Mangsa labuh para amongtani padha tandhur pari
  • b. Mangsa labuh para amongtani padha tandhur jagung
  • c. Mangsa labuh para amongtani padha macul sawah
  • d. Mangsa labuh para amongtani padha ngrabuk tandhuran
30. Simbah karo Ibu lagi....susu.
  • a. nginum
  • b. ngombe
  • c. mimi
  • d. ngunjuk
31. Bapak saha Ibu nyuwun pangapura. Aku ora bisa balik minggu saiki, awit aku kudu sinau
      minggu saiki ujian. . Aku nyuwun do'a restune Bapak saha Ibu, moga-moga aku bisa.......
      soal kanthi bener.
  • a. mbukak
  • b. nulis
  • c. gawe
  • d. nggarap
Wacan kanggo soal nomer 32 - 33 !
Jono      : " Tindak pundi, Pak Lik?"
Pak Lik : "Arep menyang Jakarta, Le."
Jono      : "Tindak Jakarta nitih punapa, Pak Lik ?"
Pak Lik : "....."
Jono      : "....."
32. Ukara kang mathuk aknngo nerusake ngendikane Pk Lik ing dhuwur yaiku...
  • a. Aku arep numpak sepur
  • b. Sepure mangkate jam sepuluh wengi
  • c. Mangkate akeh kancane
  • d. Aku arep nunggu sepur
33. Tembung kang mathuk kanggo nerusake ngendikane Jono ing pacelathon ndhuwur 
      yaiku...
  • a. arep
  • b. badhe
  • c. menyang
  • d. inggih ngatos-atos
Wacan kanggo soal nomer 34 - 35 !
Purwokerto, 13 Mei 2013
Tumuju marang kancaku
Ana ing Purwokerto

Assakamu'alaikum Wr. Wb.
Kepiye kabarmu, Din ? Muga-muga kabarmu apik-apik bae. Semana uga aku, Alhamdulillah lagi padha sehat kabeh.


Din, kenapa kok suwe temen ora dolan manyang omahku, kapan-kapan yen kowe menyang daleme simbah mapir ya ? Yen kowe wis lulus SD arep nglanjuna apa ora ? Yen arep nglanjutna ayo marang SMP sing bermutu mengko bareng-bareng karo aku.

Semono dhisik anggonku....kapan-kapan disambung maneh.
Wasalam,
Kancamu Winda
34. Semono dhisik anggonku...kapan-kapan disambung maneh.
       Tembung kang mathuk kanggo nerusake bagian surat kang urung jangkep yaiku...
  • a. ngerti
  • b. ketemu
  • c. takon lan crita
  • d. maring omahku
35. Isi surat ing wacan ndhuwur yaiku...
  • a. nerusna sekolah
  • b. keslametan lan kesehatan
  • c. Dinar lan simbah
  • d. bareng-bareng
B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener !
36. Tembung lelara diarani tembung....
37. Layang kang ditulis cekak aos diarani layang....
38. Anak loro lanang kabeh diarani....
39. Kurawa iku cacahe ana....
40. Wong kang nglakokake motor mabur diarani....
41. Supaya tandurane lemu kudu ....
42. Wiwitan mangsa labuh ditengeri akeh...
43. Karo kanca kudu guyup....
44. Mijil, Durma, Gambuh, lan Pocung kalebu tembang...
45. Ibu muwun nalika putrane badhe budhal menyang Jakarta. Tebung muwun tegese....
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
46. Ibu tindhak peken
      Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku.....
47. Lemah tegalan becike dirabuk. Awit tanduran iku uga mburuhake rabuk kanggo 
      kasuburan. Yen subur bakal ngasilake panen sing akeh. Rabuk kuwi bisa saka kandhang
      lan kompos.
      Ringkesan paragraf ing dhuwur yaiku.....
48. Gatekna geguritan ing ngisor iki !
      Anakku
     Rungokna welinge  yayah wiki
     Angger-angger ganthilaning ati
     Piyar sukma lan ngresepna jroning ati
     Tirah ora bisa uwal saka bebayaning margi
     Mila tansah elinga marang Kang Kuasa
     Dimen kasembadan gegayuhanira
    Parafrase geguritan ing ndhuwur yaiku....
49. Sebutna kanthi urut satriya Pandhawa Lima !
      ........
50. Nalika menyang bandung Bapak numpak sepur
       Basa krama alus kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

Post a Comment

 
Top